Parikan Jawa Lucu Terbaru #Parikanjawa


Semua parikan yang ada dibawah saya ambil dari tweet yang menggunakan hastagh #parikanjawa. Untuk membaca yang lainnya silahkan cari di twitter dengan hastagh #parikanjawa.

1. Sugeng ndaluu denmas diajengg... Lomba mlayu, tekan ngarep gerbang... Paras ayu, tapi mlakune ngambang. - Muntilaninfo

2. Bulek Tin ngundang sukuran, aku ra teko polahe cacar. Valentine malah kepikiran, solae aku rung duwe pacar. - @hilmifaiq

3. Wit Klopo kuwi arane Glugu, Disigari diporo dadi pitu. Saben dino aku ora bisa turu, Kangen sopo, ora jelas ning atiku. - @aelfeb

4. Jajan sekoteng, no prapatan karang ayu.. Opo artine ngganteng, nek ora payu-payu. - @OjoNesu

5. Sing abang wae akeh, sing ijo-ijo kok di unduhi, sing prawan wae akeh, sind duwe bojo kok dirusuhi. - @kesemutan

6. Kembang mawar warnane abang, langit warane biru. Rasane nganti saliwang, nurut karepe atimu. - @nyiagengdisco

7. Tugu yogya lampu bangjo. Urip wis mulya gari golek bojo. - @OjoNesu

8. Lungo Indramayu karo mlayu-mlayu.. Jarene ayu tapi kok rak payu-payu. - @akka_akbar

9. Ijone sawah disawang karo mlaku.. Tresna mu koyo hadiah, syarat dan ketentuan berlaku.. - @Teguh_nak_sm9

10. Nang stasiun Tawang njogo toko. Pisang molen nggo tombo ngelih. Isaku nyawang lewat poto. Rasane kangen kudu ndang mulih :) - @purwanindita

11. Tuku susu tekan sarkem, iki wis wengi su, ayo ndang merem! - @sipmarkosip

12. Ngombe jamu jamune bratawali, esem mu cen nggawe awakku lupa diri.. - @sipmarkosip

13. Macan mati ninggalake kulit. Lampune mati mbok wedhok jerat-jerit - @OjoNesu

14. Menyang malioboro tuku keris, pengen bojo londho tapi aku gak isoh boso enggres. - @cokichoki

15. Numpak sekuter nganggo sepatu hak.. Awakku gemeter nyawang brengose bapakmu di Mohawk. - @bebekjakarta

16. temanggung udane deres ndhuwur diambung ngisore teles.. - @ariffsuyono

17. Marcopolo Bartolomeu Dias.. Masio jomblo ojo sampek ngombe potas.. - @daristya

18. David trezeguet Bambang pamungkas.. Yen pengen pacaran awet, bar malem minggon pacarmu lebokno kulkas.. - @OjoNesu

19. Ngombe jamu, marakke lemu.. Tresnaku marang sliramu, kealang brengos'e bapakmu.. - @@Juanxdystopia

20. Sambel pete cocolan tahu. Tahu susur cacahe loro. Jane rupaku karo Sule yo isih bagus aku. Neng kok angel men yo golek bojo? - @OjoNesu

21. Wiji duren arane pongge. Dibubur enak rasane. Lanangan/wedokan keren akeh tunggale. Sing jujur angel golekane. - @OjoNesu

22. Iwak lele neng njero wajan. Kok angele sak iki golek prawan.. - @munixcaem

23. Preman gianyar ngelmu kanuragan. Perhatian! Mantanku wis duwe pacar anyar! Sekian. - @OjoNesu

24. nyuwek dluwang nganggo lading, iso nyawang ning raiso nyanding. - @Thir_wongso

25. Budal ngetan tuku boto,ora lali tuku kloso. Golek bojo sing iso dijak urip soro, sakwayah2 iso dikon nyithak boto. - @kevinarv

5 comments:

  1. yen ing tawang ono lintang.yen neg tawang mangu ono kentang. yen neng kene ono rencang.yen neg kono ono kotang...

    BalasHapus
  2. Katok ireng Klambi ireng Klambi.
    Nyangkeng aret menekan klopo.
    Koe seneng Aku yo seneng.
    Ora due duit yo ora opo opo.

    ASLI CAH NGINGKLING.

    BalasHapus
  3. Kebo mangan koro
    Remok njero ra ketoro

    BalasHapus
  4. Tabung gas rupane Ijo....
    Gak usah digagas maz wonge wes dwe Bojo....

    Jangan Tewel iwak'e pindang...
    Nek pacare rewel njaluk ditendang....

    BalasHapus
  5. Nderek Pasar Metu Ngadiluwih
    Nggowo Getih Abang Rupane
    Golek Pacar Ayu Lan Sugih
    Nanging Ojo Sugih Utang Wae..

    BalasHapus

Catatan: Hanya anggota dari blog ini yang dapat mengirim komentar.